Kamis, 31 Maret 2011

Guyon banyumasan (dikirim ke majalah ancas)

Valentine enyong


Dina valentine kuwe dina sing paling tak tunggu-tunggu amarga nang dina kuwe aku arep ulih kembang tanda tresna sekang bojoku tersayang. Esuk awan bengi tak emut-emut bae, tak bayangna senenge aku arep ulih kembang. Saben dina aku takon karo bojoku, jane arep ngaweh kembang apa. Jerene bojoku arep ngaweh kembang sing urung ana wong lanang sing ngaweh kejaba bojoku ngesuk. Aku tambah penasaran, karo bayangna kira-kira kembang apa..


Akhire dina valentine teka. bojoku nutup mataku karo bujur dan ngambungna kembang kuwe maring irungku. Tak ambung tak raba.
”mas. Mambune kok kayak kiye ya. Kembang apa sih” takon ku
”njajal ade tebak bae. Kembang apa kiye”
”apa sih mas. Rasane aku kenal banget karo mampune tapi apa ya”
”nah siki ade, bisa buka bujure”

Bujur tak buka sekang mataku. Sewektu aku weruh kembang kue aku kagete poll, amarga jebule kembang kuwe kembang kecombrang. Aku takon kenapa bojoku ngawehe kembang kecombrang dudu mawar dudu melati. Amarga jere ora ana wong lanang liya sing arep ngaweh kembang kecombrang maring bojone.
”kok kembang kecombrang mas”
”iya.. soale mas, sebenere pengen digawekna kluban”

Tidak ada komentar: